Munyuk Bonbin | Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo

Pages

Munyuk Bonbin

Awan mau Bejo karo Sukri dolan neng kebun binatang Gembiroloko jogja.. Amargo ngelak, Bejo lungo golek wedang, Sukri dikon nunggu neng ngarep kandang munyuk... Sakwise tuku wedang, Bejo mbalek maneh marani Sukri.. Tapi tekan kono Bejo KAGET weruh Sukri lagi padu mbek bapak-bapak, nganti surung-surungan, sajake ameh gelut.. Langsung wae Sukri digeret lungo ngadoh karo Bejo, supoyo ora ...sido gelut..

Sukri : "WOI NEK WANI RENE KOWE.. PODHO GERANGE IKI !! SETAN KOWE YO PAK !!"
Bejo : "uwes ceng.. uwes to.. ngisin-isini disawang wong akeh kae lho.."
Sukri : "LHA KESUH TENAN AKU, JO !! KAE PANCEN WONG TUWO EDIAN !! WATON MUNI !! OOW.. LHA TAK CANCEL SISAN KOWE PAK !!"

Amargo Sukri terus muni seru koyo wong kesurupan, ono tukang foto keliling jenenge Mukri sing penasaran trus nyedhak..

Mukri : "kepiye mas.. nopo kok njenengan tulung-tulung?"
Bejo : "mbuh iki mas,. aku dewe yo ora ngerti.. Kowe nopo to kri??"
Sukri : "ngene critane.. Mau pas kowe lungo tuku wedang kae.. Aku kan njagong dewe neng cedhak kandang munyuk to.?"
Bejo : "iyo kri.. Trus piye?"
Sukri : "ora suwe ono bapak-bapak karo bocah lanang cilik nyedhak.."
Mukri : "trus pripun mas?"
Sukri : "trus bocah lanang cilik kuwi muni..."
Bejo : "muni piye kri?"
Sukri : "muni ngene jo.., BAPAK,. NIKI MUNYUK'E KOK UCUL SETUNGGAL PAK... langsung wae bocah kuwi tak seneni.. Eh, bapakne ra trimo,.yo tak layani sisan.. sopo wonge sing ora nesu nek raine dipadhakke MUNYUK jo?? Nggeh mboten mas?"
Mukri (nahan ngguyu) : "hmmbfffhh.. Nggih mas.. Nggih.. "
Bejo (melu nahan ngguyu): " hmmbfffhh.. Iyo kri.. Wong kowe gagah ngono kok.."
Mukri : "ngene wae mas.. Daripada njenengan muring-muring khan malah ngrusak acara dolane njenengan tow?"
Sukri : "iyo mas,. njuk kepiye?"
Mukri : "mending njenengan wong 2 tak foto-ne mawon, kangge kenang-kenangan pun dolan mriki.. Murah kok.. Tur maneh fotone langsung dados.. Pripun mas??"
Bejo : "wah ide apik kuwi pak.. Piye kri? gelem foto pora?"
Sukri : "karepmu lah jo.. Aku manut.."
Mukri : "oke mas.. Monggo njenengan sami lenggah jejeran teng bangku niki.."

Bejo karo Sukri njagong jejer neng bangku kuwi.. Tapi lambene sukri isih MRENGUT wae amargo isih emosi..

Mukri : "oke mas.. Siap-siap nggeh??

. . setunggal.. . .

kalih.. . .

tig... . .

...mas nyuwun tulung niku.
.
.
.
.
.
.

MUNYUK'E njenengan ampun MRENGUT mawon nggeh?" . .

*sukri tibo ngglimpang

0 comments:

Post a Comment

© -Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo | Blogger Template HTML 5 | Designed by kimzigr | Using The 1KB Grid | Powered by Blogger