Wayah Isuk Ojo Ngelu | Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo

Pages

Wayah Isuk Ojo Ngelu

sugeng enjing dulur-dulurku..
sing gagah-gagah koyo tugelan munthu..
sing ayu-ayu koyo gendul jamu..
kae ono sing isih turu..
ra duwe isin ngorok'e koyo lindhu..


mas-mas kantoran wes siap nganggo sepatu..
kerah dilempit tambahi dasi kupu-kupu..
ealah mbak dandane ojo kesusu..
wedakmu ra roto malah dadi lucu..
sing ameh sekolah nyiapke buku..
hape diumpetke ojo ngasi konangan pak guru..
sing pengangguran podho ngguya ngguyu..
ora duwe duit anane mung cekelan sirahmu..
sing jomblo anane mung dolanan anu..
penting ojo ngasi tambang neng gulu..
poro dulurku sing rupane wagu..
urip pisan ki ojo digawe ngelu..
mending pasrah karo kahananmu..
rasah digelani lan tetepo mlaku..
kudu eling karo sing nggawe uripmu..
ojo lali ditambah usaha sak mampumu..
aku percoyo neng ngarepmu iku..
bakal kewujud sing dadi kekarepanmu..
pitutur ngawur iki nek cocok monggo digugu..
yen ora cocok admine ojo dibalang watu,.
mekaten sedulur atur sembahku..
kawulo badhe ngunjuk kopi lan udud dulu...

1 comments:

© -Guyon Maton...Guyonane Wong Jowo | Blogger Template HTML 5 | Designed by kimzigr | Using The 1KB Grid | Powered by Blogger